Babad Tanah Jawi

Babad Tanah Jawi ini punya banyak versi! Menurut ahli sejarah Hoesein Djajadiningrat, kalau mau disederhanakan, keragaman versi itu dapat dipilah menjadi dua kelompok. Pertama, babad yang ditulis oleh Carik Braja atas perintah Sunan Paku Buwono III. Tulisan Braja ini lah yang kemudian diedarkan untuk umum pada 1788. Sementara kelompok kedua adalah babad yang diterbitkan oleh P. Adilangu II dengan naskah tertua bertarikh 1722. Perbedaan keduanya terletak pada penceritaan sejarah Jawa Kuno sebelum munculnya cikal bakal kerajaan Mataram. Kelompok pertama hanya menceritakan riwayat Mataram secara ringkas, berupa silsilah dilengkapi sedikit keterangan. 
Sementara kelompok kedua dilengkapi dengan kisah panjang lebar. Babad Tanah Jawi telah menyedot perhatian banyak ahli sejarah. Antara lain ahli sejarah HJ de Graaf. Menurutnya apa yang tertulis di Babad Tanah Jawi dapat dipercaya, khususnya cerita tentang peristiwa tahun 1600 sampai jaman Kartasura di abad 18. Demikian juga dengan peristiwa sejak tahun 1580 yang mengulas tentang kerajaan Pajang.
Namun, untuk cerita selepas era itu, de Graaf tidak berani menyebutnya sebagai data sejarah: terlalu sarat campuran mitologi, kosmologi, dan dongeng. Selain Graaf, Meinsma berada di daftar peminat Babad Tanah Jawi. Bahkan pada 1874 ia menerbitkan versi prosa yang dikerjakan oleh Kertapraja. Meinsma mendasarkan karyanya pada babad yang ditulis Carik Braja. Karya Meinsma ini lah yang banyak beredar hingga kini. Balai Pustaka juga tak mau kalah. Menjelang Perang Dunia II mereka menerbitkan berpuluh-puluh jilid Babad Tanah Jawi dalam bentuk aslinya. 
Babad Tanah Jawi versi bahasa jawa
Kacarita ing nagara Blambangan ( nunggal jaman karo Majapahit wektu samana kaambah ing pagebluk gede akeh wong lara esuk sorene mati, esuke mati lelara mau nganti lumebu ing pura yaiku putrane Sang Prabu ing Blambangan kang paparab dewi Kasiyan ketaman ing lara banget, nganti ora bisa ngglawat Sang Prabu sekel ing penggalih, banjur utusan marang patihe kadhawuhan ngupaya tamba )
Ya ta rekyana patih Bajulsengara nggone ngupaya tamba lakune njajah desa milang kori, medhun jurang munggah gunung, bareng wus tumeka sapacuking gunung, ing kono ono pratapan, kang mratapa peparabe Kyai Kandhabaya – sang wiku sidik paningale wis uninga marang sedyane sang patih. Mula bareng sang patih tumekaing pratapan didawuhi bali mulih, kang bisa nambani larane dewi Kasiyan iku sawijining Kyai saka Arab, kang wektu iki mratapa aneng guwa sangisoring gapura kraton. Iku kadhawuhana ndhudhuk panjenengane mesti bisa ngusadani lan manawa bisa ketemu salame sang wiku kaaturna.
Rekyana patih Bajulsengara wus mulih menyang nagara matur sang prabu perluning dinuta. Banjur kadhawuhan ndhudhuk sacedhaking gapura, bareng pandhudhuke wis oleh saparo, tumuli katon ana guwane sajroning guwa ana wong mratapa isih nonoman rupane bagus mencorong, lagi linggih sendhen ing oyoding wit waringin, rekyana patih marek nyedhak sowan ngaturake yen kautus ing sang prabu perlu nyuwun pitulungan tampa tumrap larane retna dewi Kasiyan dene bebanane sang nata : ” sing sapa bisa marasake bakal kadhaupake karo sang putri lan kaparingan negara separo sigar semangka jumenenga raja mudha, dene anane sang patih ngreti ing dununge kyai iki jalaran saka pituduhe sang pandita Kandhabaya, malah kirim salam katura kyai.
Wong kang mratapa mau jenenge kyai Iskak, yaiku ipene raja Tyempa kang sepuh. Bareng krungu ature patih mau banjur mangsuli manawa saguh marasake, nang ing yen sang nata karsa tunggal agama islam.
Sang nata uga nyaguhi ngrasuk agama islam, mula Syekh Maulana Iskak banjur kadhawuhan ngusadani katimbalan manjing pura. Bareng Syekh Maulana Iskak sumurup warnane sang putri, ing dalem batine ngalem ayune sang retna, satuhu linuwih ing jagad ora ana kang nandhingi ayune mula, kapuji supaya sang nata mau sayembarane ora cidra. Sawise ngudarasa tumuli ngupaya banyu wulu mustakane kang putri kaasta, sinebul kaping telu, padha sanalika tinarima ing Pangeran, waluya kaya ing nguni-uni.
Sang dewi Kasiyan tumuli kadhawuhan ngabekti marang Syekh Maulan Iskak sarta banjur kadhaupake. Sang nata Blambangan dhawuh marang rekyana patih supaya andhawuhake warata manawa Syekh Maulana Iskak wus ginanjar bumi saparo, lan kajumenengake raja mudha, para kawula padha ngestresnana lan padha ganti agama.
Sawuse kaestrenan sang nata mangun suka pista raja, kanthi nyuruhi para nata lan para luhur, Syekh Maulana Iskak mirsa kaananing dedhaharan banget ngungune amarga lelawuhane iwang cacing, ula , kadal, panggang kodhok, celeng lan liya-liyane. Mula prihatin banget nyenyuwun nama karillimang karuhna. Padha sanalika iwak-iwakan mau padha urip meneh banjur lumayu. Sawise mangkono Syekh Maulana Iskak tumuli kondur
Ing antara wus suwe dewi Kasiyan wis nggarbini pitung sasi Syekh Maulana Iskak ngedika marang kang garwa. Yayi sira keriya aneng kraton kene wae aku nyuwun pamit arep lunga nutugake sedyaku.
Ora kacarita kang lunga lelana, bareng wus teka wancine, bobotane sang dewi wis mbabar miyos kakung, rupane luwih dening bagus sarta mencorong cahyane ingkang ibu tumuli seda.
Bareng dewi Kasiyan seda, sang prabu tumuli dhawuh marang patih sarehning wis tetela yen angsare bayi iku panas banget , rekyana patih kadhawuhan nglabuh menyang segara kalebokna ing kendhaga bebayi tumuli kalabuh ing segara saperlune.
Wektu samana ana sudagar layaran prau ana ing segara kono, dilalah lakuning prau remben banget, geseh karo adat sabene. Ki sudagar ngudarasa karo kanca-kancane ; apa sebabe iki sawenehing kanca mangsuli yen dudu suwadine Ki sudagar ana teja mencorong cahyane, praune tumuli nyedhaki, bareng wis tetela yen kendhaga banjur kaunggahake ing prau nanging durung kabukak saka karepe Ki sudagar arep bali mulih kaaturake ing gustine. Mula banjur mbabar layar bali menyang negara Tandhes ( Gresik ) ora antara suwe lakuning prau wus labuh aneng plabuhan banjur aweh pratandha ngunekake bedhil rambah, ki juragan tumuli mudhun ing dharatan kanthi nggawa kendhga mau.
Kawuwusa nyai ageng Tandhes pinuju lenggahan kaadhep dening abdine wus mireng yen ana tengara prau teka ora suwe ki juragan teka, kadangu dening nyai ageng Tandhes sabab apa teka gelis temen bali nggone dagang layar. Ki sudagar ngaturake kendhaga kanthi kacaritakake mula-mulane nemu kendhaga. Nyai ageng banget ngungune kendhaga kabukak, ing kono isi jabang bayi banjur kapundhut diopeni sarta disusoni dening parekan kang manak anyar, rupane bagus banget, guwayane mencorong, malah nyai ageng duwe pangira dudu anake wong cilik, bisa uga putraning nata. Mula pangopene saya gumanti banget, bareng wus umur pitung taun, saya katon rupane luwih dening pekik, den parabi Raden Paku. Nyai ageng tresna banget. Wus kaaken putrane dewe.
Dek samana Raden Paku pamit marang kang Ibu arep lunga dagang sarehning isih keciliken  kang ibu menggak lan ora tega, nanging Raden Paku adreng meksa nekad panyuwune. Saka pakewuhw nyai ageng banjur nimbali sudagar, Aburerah kadawuhan ngembani gustine. Wus pinarangan sangu dedagangan warna-warna, apa dene beras, krambil, bolah, kendil lan liya-liyane, banjur katata ing praune sedyane arep dagang menyang Bali.
Angkating prau jam 8 esuk, antarane jam 9 wis tekan Bali. Lakune rikat banget marga kang ngemudi digenteni dening raden Paku. Ndadekake gumune para kanca kabeh, dene bocah isih cilik wae wis duwe kasekten, mendhane besuk yen dewasa. Satekane ing plabuhan Bali banjur aweh tengara ngunekake bedhil kaping telu. Wis warata sanegara Bali wong-wong pada krungu yen ana prau labuh, apa dene sang raja Bali suka penggalihe amarga arsa memundut. Bareng wis mudhun saka prau banjur tata dasar ana ing pasar. Ki juragan Aburerah ngadep dagangan dewe laris banget, wong tetuku kumrubut ora kena piniyak…………………………dst. 
Berbagai sumber

2 komentar:

  1. pemaparan sejarah jika masuk keranah pemerintah contohnya pemaparan (carik braja)pertama biasanya tidak keseluruhan di paparkan karena ada hal yang disebunyikan terkait dengan kepentingan pemerintahan yang berlangsung saat itu

    BalasHapus
  2. betul sekali tuh om. intinya terserah apa kata bos

    BalasHapus